UMAT KUDU DIPUNPIMPIN DÈNING AL-QUR'AN



بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

Menteri Agama, Bapak Nasaruddin Umar, nembè kèmawon ngaturaken bilih wonten ing jaman post-truth kados sapuniko, dados tokoh agama meniko mboten gampil. Miturut panjenenganipun, rumiyin naliko poro ulama utawi tokoh agama ngaturaken sawijining piwulang, masyarakat kathah ingkang manut. Nanging sapuniko kawontenanipun sampun bèdo. Opini publik, media, saha manéka warna pangaribawa sanèsipun asring langkung dominan.

Pramila, miturut panjenenganipun, namung nyandhak dhateng Kitab Suci kèmawon dèrèng cekap kanggé ngyakinaken masyarakat. Poro intelektual agama kedah gadhah kaprigelan langkung supados tetep relevan wonten ing satengahing masyarakat ingkang soyo rasional soho liberal.

Pamanggih kados mekaten medal amargi perkembangan teknologi informasi saha media sosial sampun ngowahi cara masyarakat angsal pawartos. Menopo kèmawon ingkang viral asring dipunanggap leres, sanajan mboten gadhah landhesan ingkang kiyat. Fenomena meniko ingkang dipunsebat jaman post-truth, inggih meniko jaman naliko emosi, persepsi, saha opini langkung gadhah pangaribawa tinimbang fakta saha kasunyatan ingkang objektif.



Menapa Menika Jaman Post-Truth?

Istilah post-truth sampun misuwur wonten ing kajian politik, media, saha komunikasi. Kanthi prasaja saged dipunmangertosi bilih post-truth meniko kawontenan naliko fakta objektif sampun mboten dados ukuran utama wonten ing pambentukan opini masyarakat.

Pramila naliko Menteri Agama nyebat istilah post-truth, maksudipun inggih bilih sapuniko pendapat poro ulama utawi tokoh agama mboten kanthi otomatis dipuntampi masyarakat. Kathah tiyang langkung pitados dhateng isi media sosial, influencer, utawi pendapat ingkang viral.

Mesthi kèmawon kaprigelan komunikasi publik meniko prayogi lan wigati. Nanging manawi masalah umat namung dipuntingali minangka masalah komunikasi, satemenipun analisis kados mekaten dèrèng ngantos dhateng oyod persoalan ingkang saèstu.



Perspektif Islam

Minongko sawijining fenomena sosial, istilah post-truth pancèn nggambaraken kasunyatan bilih kathah tiyang langkung manut prasangka, emosi, utawi pendapat ingkang populer. Nanging Al-Qur'an sampun dangu maringi pepeling tumrap bebaya sikap kados mekaten.

وَإِنْ تُطِعْ أَكْثَرَ مَنْ فِي الْأَرْضِ يُضِلُّوكَ عَنْ سَبِيلِ اللَّهِ ۚ إِنْ يَتَّبِعُونَ إِلَّا الظَّنَّ

Menawi panjenengan manut dhateng kathahipun manungsa ing bumi, mesthi badhé nyasaraké panjenengan saking dalanipun Allah. Awit piyambakipun namung manut prasangka kemawon. (TQS al-An'am [6]: 116)

Allah SWT ugi ngandika:

يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا إِنْ جَاءَكُمْ فَاسِقٌ بِنَبَإٍ فَتَبَيَّنُوا

Hè para tiyang ingkang iman, manawi wonten tiyang fasik nggawa pawartos, priksa lan telitinen rumiyin. (TQS al-Hujurat [49]: 6)

Pramila saking sudut pandang Islam, solusi tumrap fenomena post-truth mboten namung ningkataken kaprigelan komunikasi, nanging ugi mbangun masyarakat ingkang ndadosaken wahyu minangka ukuran kasunyatan.

Nalika ukuran leres lan lepat dipunwangsulaken dhateng Al-Qur'an saha As-Sunnah, mila kasunyatan mboten dipuntetepaken dèning cacahing like, share, utawi view. Kasunyatan dipunukur kanthi Al-Qur'an lan As-Sunnah. Mboten dèning popularitas, viralitas, utawi swanten mayoritas wonten parlemen kados sistem demokrasi sapuniko.



Al-Qur'an Satunggalipun Standar Kasunyatan

Kaum Muslim wajib yakin bilih Al-Qur'an meniko satunggalipun standar kasunyatan. Awit Al-Qur'an mboten namung kitab suci ingkang isinipun pitutur moral, nanging wahyu Allah SWT ingkang dipunturunaken minongko pitedah gesang manungsa.

Allah SWT ngandika:

إِنَّا نَحْنُ نَزَّلْنَا الذِّكْرَ وَإِنَّا لَهُ لَحَافِظُونَ

Satemenipun Kulo ingkang nurunaken Al-Qur'an lan Kula ugi ingkang njaga kemurnianipun. (TQS al-Hijr [15]: 9)

Allah SWT ugi ngandika:

وَنَزَّلْنَا عَلَيْكَ الْكِتَابَ تِبْيَانًا لِكُلِّ شَيْءٍ

Kula sampun nurunaken Al-Kitab dhateng panjenengan kanggé njlentrehaken sedaya perkawis. (TQS an-Nahl [16]: 89)

Pramila sinten kèmawon ingkang nilar pitedah Al-Qur'an, gesangipun badhé kebak kasangsaran.

فَمَنِ اتَّبَعَ هُدَايَ فَلَا يَضِلُّ وَلَا يَشْقَى ۝ وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا

Sinten kemawon ingkang manut pitedah-Ku, piyambakipun mboten badhé kesasar lan mboten badhé cilaka. Nanging sinten ingkang nyingkiri pepeling-Ku, mesthi badhé gesang wonten ing kasempitan. (TQS Thaha [20]: 123-124)

Sayang sanget, sapuniko umat Islam, langkung-langkung poro panguwasanipun, soyo tebih saking pitedah Al-Qur'an.



Oyod Persoalan Umat

Syaikh Taqiyuddin an-Nabhani nerangaken bilih masyarakat meniko mboten namung kumpulan manungsa. Masyarakat kawangun saking pemikiran (afkar), perasaan (masya'ir), saha aturan gesang (anzhimah).

Menawi tigang unsur meniko asalipun saking Islam, badhé lair masyarakat Islam. Nanging menawi asalipun saking Kapitalisme, badhé lair masyarakat kapitalistik sanajan mayoritas wargaipun Muslim.

Kasunyatanipun sapunika kathah nagari Muslim, kalebet Indonesia, ngginakaken sistem Kapitalisme Sekuler. Sekularisme misahaken agama saking gesang. Agama namung dipunwatesi wonten ing mesjid, mushala, pesantren, saha papan ibadah. Dènè politik, ekonomi, pendidikan, media, hukum, lan pergaulan sosial dipunatur dèning pikiran manungsa.

Akibatipun, pemikiran, perasaan, lan standar tumindak masyarakat dipunbentuk dening Kapitalisme. Mboten aneh menawi opini media sosial langkung dipitados tinimbang nasihat para ulama.



Dakwah Kemawon Dereng Cekap

Mesthi kèmawon dakwah dhateng masyarakat tetep wajib dipuntindakaken.

وَلْتَكُنْ مِنْكُمْ أُمَّةٌ يَدْعُونَ إِلَى الْخَيْرِ وَيَأْمُرُونَ بِالْمَعْرُوفِ وَيَنْهَوْنَ عَنِ الْمُنْكَرِ

Hendakipun wonten satunggaling golongan ing antawisipun panjenengan ingkang nyeru dhateng kabecikan, amar makruf lan nahi mungkar. (TQS Ali Imran [3]: 104)

Nanging kedah dipunpahami bilih dakwah dhateng individu kèmawon dèrèng cekap menawi negara tetep ngreksa sistem Kapitalisme-Sekuler.

Rasulullah ﷺ mboten namung mbina individu wonten Makkah. Panjenenganipun ugi ngupados ngedegaken Daulah Islam wonten Madinah supados syariat Islam saged katindakaken kanthi sampurna.

Amargi puniko poro ulama maringi penegasan bilih umat Islam kedah gadhah kakuwasan Islam supados hukum-hukum Allah saged dipuntindakaken kanthi kaffah.



Al-Qur'an Kudu Dados Pamimpin

Pramila solusi hakiki tumrap krisis umat sapunika inggih menika ngembalèkaken Al-Qur'an dados pamimpin gesang.

Nalika Al-Qur'an mimpin pemikiran, perasaan, saha aturan gesang manungsa, badhé lair masyarakat ingkang ndadosaken ridhanipun Allah SWT minangka tujuan gesangipun.

Kosokwangsulipun, salami Kapitalisme-Sekuler taksih dados landhesan gesang, pemikiran, perasaan, lan tumindak masyarakat badhé terus kabentuk dening Kapitalisme, sanajan dakwah tansah dipuntindakaken.

Mila saking punika umat kedah dipunpimpin dening Al-Qur'an. Mboten dening hawa nafsu manungsa lan mboten dening ideologi ciptaan manungsa. Awit namung wahyu Allah SWT ingkang saged nuntun manungsa dhateng kabagyan wonten ing donya saha kaslametan wonten ing akhirat.

Wallâhu a'lam bi ash-shawâb. []


Posting Komentar untuk "UMAT KUDU DIPUNPIMPIN DÈNING AL-QUR'AN"