1 SURO: SAMPUN WANCINIPUN NGANGSULAKEN PERADABAN ISLAM ING BUMI NUSANTORO‼️🏳️🏴



Bismillahirrohmanirrohim
Umat Islam ing sakindenging bumi Nusantoro, dhumateng para sedhèrèk ing Tanah Jawi sarta ing sabrang minangka tlatah Sumatra, Kalimantan, Sulawesi, Maluku, ngantos dumugi Papua, kedah mrélekaken mripat kanthi tinarbuka dhumateng sajarah peradaban ingkang saleresipun. Nalika jaman penjajahan Hindia Belanda, misi kristenisasi sarta de-Islamisasi dipunlampahi kanthi struktur ingkang raris, masif, lan sistematis. Kawontenan ingkang mrihatinaken menika murugaken kathah tiyang Jawi sami risak akidahnipun ngantos dhumateng kemurtadan.
Mirsani realitas ingkang ngancam iman kasebat, para luhur Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat ing jamanipun paring panyengkuyung wetah dhumateng perjuangan Kanjeng Kyai Haji Ahmad Dahlan kagem nggugah malih bètèng kesadaran Islam umat. Kanjeng Kyai Ahmad Dahlan punika trah keturunan saking Sunan Gresik (Maulana Malik Ibrahim), leluhur Wali Songo ingkang nyebaraken Islam kanthi tauhid ingkang murni. Saking silsilah emas menika, lair gerakan Muhammadiyah ing taun 1912 M, satunggaling harakah ingkang mopo wonten ing babagan tajdid (pembaharuan) kagem ngajak masyarakat wangsul dhumateng kemurnian Al-Qur'an lan As-Sunnah kanthi dhasar keilmuan ingkang kiyat.
Nanging, pamaréntah kolonial Belanda boten purun kèndel mirsani Islam ingkang kiyat dados bètèng masyarakat. Tiyang-tiyang Londo menika ngrancang siasat alus kagem nebihaken masyarakat Jawi saking akidah Islam lumantar pakulinan istilah "Islam Kejawen". Istilah "Islam Kejawen" menika sejatosipun propaganda murni ciptaan para orientalis lan pakar kolonial Belanda. Tujuanipun lécik lan mbebayani sangan: ngguliraken opini psikologis saolah-olah Islam menika ajaran asing ingkang "impor" saking Arab lan boten laras kaliyan pribadhi luhur tiyang Jawi. Saking mriku lair stigmatisasi awujud istilah "ke-Arab-araban", "Islam Kadrun", ngantos slogan semu "cintai budaya sendiri, buang agama impor".
Lha kok saiki, malah ana wong ngarani “ngucap Allahu Akbar” iku Arab-araban? Wong bendera Kraton Jogja niku nggandheng tulisan Lā ilāha illā Allāh, kok! Padahal, menawi purun naliti sajarah kanthi jujur, para Sultan Ngayogyakarta sarta Wali Songo piyambak nggadhahi garis keturunan saking Arab (Sayyid/Syarif). Islam sampun nyawiji wetah dados ruh lan pondasi utami kagem kabudayan sarta peradaban ing tanah Jawi lan sakindenging Nusantoro salami berabad-abad.

Perang Boso: Membongkar Asal-Usul Istilah "Minggu" lan "Ahad"

Minangka umat Islam, kita sedaya kedah sadar bilih istilah "Minggu" ingkang dipunginakaken ing sistem penanggalan saben dinten menika boten kalebet tradisi Islam lan ugi sanès istilah asli saking boso Jawi. Dinten kapisan ing njeronipun sepekan miturut Islamg inggih menika “Ahad”, asalipun saking boso Arab ingkang tegesipun siji utawi tunggal, minangka penandha permulaan dinten saking akar kata Wahid (وَاحِدٌ) ingkang mucalaken kemurnian tauhid. Mekaten ugi ing tradisi masyarakat Jawi jaman kino, para leluhur langkung wanuh kaliyan istilah “Ngahad” utawi “Akad”, lan boten nate ngagem tembung “Minggu”.
Nanging, istilah "Minggu" menika wiwit dipunpadosi lan dipunsebaraken wonten ing Indonesia nalika bangsa Portugis lan Belanda njajah Nusantoro. Ing boso Portugis, tembung menika asalipun saking boso Latin Dominicus (Dino Gusti) ingkang éwah dados Domingo, ingkang tegesipun Hari Tuhan lan dipundadosaken dinten ibadah umat Kristen. Sarana penjajahan sarta proses kristenisasi, pangginaan istilah “Minggu” dipunpekso kanthi alus déning para misionaris lan orientalis kagem nggantos istilah asli “Ahad”. Proses menika lumampah sesarengan kaliyan sistem penanggalan Masehi sekuler ingkang saya dangu saya ndominasi.
[ Boso Arab / Jawi Asli ] ──> Ahad / Ngahad / Akad (Tauhid Murni)
[ Infiltrasi Portugis/Belanda ] ──> Domingo / Dominicus ──> Minggu (Dino Ibadah Kaum Sebelah)
Kanjeng Kyai Ahmad Dahlan sanget mangertos kawontenan umat Islam ingkang dipunjajah kanthi fisik sarta ideologis. Beliau ngedegaken Muhammadiyah ing Ngayogyakarta minangka respon dhumateng gelombang kristenisasi sarta penjajahan kagem ngikis TBC (Takhayul, Bid’ah, lan Churafat), sarta nylametaken akidah umat lumantar mbumikaken ajaran Islam ingkang murni, kalebet ing babagan ingkang alit nanging wigati inggih menika istilah dinten ing kalender Islam. Panyengkuyung saking Sri Sultan Hamengkubuwono VII dhumateng perjuangan Kanjeng Kyai Ahmad Dahlan dados bukti bilih dakwah ingkang cerdas lan santun saged nggugah simpati para pemimpin sarta masyarakat ingkang mirsani bilih gerakan menika mbeta pencerahan sarta ndadosaken saénipun tatanan sosial.

Pasca 1924: Umat Islam Terpecah, Sekulerisme Ngrembaka ing Bumi Nusantoro

Risakipun identitas keislaman ing tanah air menika lumampah laras kaliyan tatanan politik global. Wiwit Khilafah Utsmani diruntuhke ing taun 1924 M (1342 H) dening agen Yahudi Mustafa Kemal Attaturk ing Turki, umat Islam ilang panutan global. Negara-negara Islam dipérak-pérak lan dipunperang dados nation-state (negara-bangsa) ingkang kapegat sekat geografis, kalebu ing bumi Nusantoro. Mula, budaya, agama, lan sistem urip dipunpisah kanthi pakso. Islam mung dipuntinggalke ing papan sujud utawi masjid, nanging boten wonten ing hukum, politik, ekonomi, sarta pendhidhikan.
Syirik Sistemik wiwit nyebar: hukum Allah dipungantos kaliyan hukum buatan manungsa. Masyarakat dipunpekso manut dhumateng sistem kapitalisme, demokrasi, sarta moderasi beragama. Ngaku Islam, nanging toleransi dipunpelintir. Ajaran dipunencerke. Tauhid disingkirké, diganti kaliyan "kerukunan formal."
Sajarah pergerakan kebangsaan ing Nusantoro boten saged uwal saking campur tangan organisasi peteng internasional ingkang nggiring ideologi bangsa menika dados sekuler. Wiwit awal taun 1900-an, ing masa genting tumuju runtuhipun Khilafah, Freemason—organisasi elit rahasia Barat—lan Teosofi wiwit mlebet lan nyusup ing macem-macem lini ing Nusantoro. Fokus utami tiyang-tiyang menika inggih menika Kesultanan Ngayogyakarta Hadiningrat, ingkang dados pusat kebudayaan sarta kekuasaan Islam ing tanah Jawi kala wontenipun.
📍 Kenging menapa Ngayogyakarta? Amargi ing mriku peran Islam lan budaya nyawiji kiyat sangan, dados bètèng pertahanan akidah lan syariat Islam. Menawi Ngayogyakarta saged dipunkendhalèni, mila oyod Islam ing tanah Jawi sarta Nusantoro badhe pelan-pelan lapuk lan risak!

Cara Kerja Freemason: Nyusup Lewat Budaya lan Pemikiran

Freemason boten nate nyerang kanthi fisik, nanging ngginakaken metode infiltrasi alus:
  1. Ngedegaken klub elit rahasia awujud Loji Freemason lan Theosofi.
  2. Nggiring para bangsawan sarta priyayi supados membebek dhumateng peradaban Barat, sanès dhumateng Islam.
  3. Membalik narasi Islamisasi dipunwastani minangka "Arabisasi", saolah-olah hijrah, syar'i, lan ngginakaken jilbab menika sanès budaya asli Nusantoro. Saking mriku lair stigma lécik: “Jilbab iku ke-Arab-araban,” “Islam iku kaku, ora toleran,” utawi “Yen tresna budaya, ojo nganggo hukum Islam.”
Lumantar Loji Freemason lan gerakan Teosofi menika, paham sekularisme dipuntandur ing bumi Nusantoro. Rakyat dipunparingi pola pikir Barat bilih agama menika namung urusan privat, urusan ibadah ritual piyambak ing njeronipun masjid, lan boten pareng dipunbeta ing urusan politik, tata hukum, ekonomi, sarta pamaréntahan. Padahal, Allah SWT negasaken kemurnian tauhid lan larangan berkompromi kaliyan sistem batil:
قُلْ هُوَ ٱللَّهُ أَحَدٌ
“Kandhakno (Muhammad), Dia-lah Allah, Yang Maha Esa.” (TQS Al-Ikhlas: 1).
وَلَا تَقُولُوا۟ ثَلَٰثَةٌ ۚ ٱنتَهُوا۟ خَيْرًا لَّكُمْ ۚ إِنَّمَا ٱللَّهُ إِلَٰهٌ وَٰحِدٌ
“...Lan aja ngomong Gusti iku telu. Mandegna, iku luwih becik kanggo kowé. Sungguh Allah iku Ilah siji-sijiné...” (TQS An-Nisa: 171).
Ayat punika nggugah identitas umat Islam. Islam niku tauhid, ora mau digandhengke karo sistem kafir. Nanging, istilah “Ahad” malah dipunkaburaken. Pundi pakulinan kito? Ning sekolah, ning kantor, ning media... kabeh ngomong “Minggu” tinimbang “Ahad.” Padahal “Ahad” punika tegesipun Wahid – Siji – simbol ketunggalan lan kemurnian tauhid. Umat Islam dipunarahaken ngetutaken pola pikir Barat sehasta demi sehasta (HR. Bukhari & Muslim).

Gugatan dhumateng Intelektual Sekuler: "Tanah Nusantoro Iku Kagungane Gusti Allah"

Kathah tiyang utaminipun ing kalangan para intelektual sekuler lan liberal, remen ngendika kanthi nada sinis: “Menawi kersa ndhèrèk syari’at Islam, lajeng pindhah mawon dhateng Aceh, utawi Arab!”
Menika pamikir ingkang sesat sarta mbebayani! Tanah Jawi sarta sakindenging Nusantoro punika ugi kalebet tanah Islam! Pancen leres Aceh ngginakaken syari’at Islam lan Arab ngginakaken syari’at Islam, nanging tatanan ing mriku ugi dereng kaffah amargi taksih kapadu kaliyan sistem kapitalis lan demokrasi sekuler warisan penjajah Barat.
Tanah Jawi sarta bumi Nusantoro wiwit jaman kino sampun nyawiji kaliyan peradaban Islam lumantar bukti sajarah ingkang cetha: kalender Jawa dipunsarujuki kaliyan sistem Hijriyah déning Sultan Agung Mataram, dinten kapisan dipunsebat Akad/Ngahad, Wali Songo nglajengaken dakwah Islam kanthi budoyo ingkang adiluhung, sarta Raden Patah dipunangkat dados Khalīfatullāh ing Tanah Jawi déning Sultan Khilafah Turki Utsmani.
Kraton-kraton ing tanah Jawi mbiyèn dadi pusat penyebaran Islam. Kraton Demak, Pajang, Kesultanan Cirebon, Kesultanan Banten, kalebu Kraton Ngayogjokarto Hadiningrat lan Surakarta—kabèh iku ngadeg saka semangat Islam kaffah. Para raja yakin: negara ora bisa lestari tanpa hukum Gusti Allah. Wiwitane, “ngawula marang ratu” iku maknane “ngawula marang syariaté Gusti Allah” sing dijalanke déning ratu. Dadi, Kejawen sejati kuwi ora mung adat lan budaya, nanging cara mikir lan cara urip sing manut Gusti Allah. Menika dados bukti bilih sadaya wilayah Nusantoro saking Aceh, Sumatra, Sunda, Jawi, Kalimantan, Sulawesi, ngantos dumugi Papua menika dhasaripun inggih menika tanah milik Islam!
Lha kok sapunika malah tiyang Jawi dipunanggep asing kaliyan Islam? Dipunceluk "ke-Arab-araban", "radikal", "nggak tresna budaya" — padahal Islam sampun dados bagian saking jatidiri tiyang Jawi! Jawa sejati punika Jawa sing bertauhid, dudu Jawa sing dipunsekulèrke! Tlatah Nusantoro punika kagunganipun Gusti Allah, dudu kagunganipun bangsa tartamtu, dudu kagunganipun pamaréntah, lan ugi dudu kagunganipun penjajah. Umat Islam ing endi-endi kedah mangertos bilih bumi menika kagunganipun Gusti Allah, mula kedah manut dhumateng paugeranipun!
Gusti Allah paring piwulang sarta pepeling ing Al-Qur’an:
إِنِ ٱلْحُكْمُ إِلَّا لِلَّهِ ۚ
“...Paugeran (hukum) iku murni kagunganipun Gusti Allah...” (TQS Yusuf: 40).
وَمَن لَّمْ يَجْكُم بِمَا أَنzَلَ ٱللَّهُ فَأُو۟لَٰٓئِكَ هُمُ ٱلظَّٰلِمُونَ
“...Sopo kemawon ingkang boten netepaken hukum miturut ingkang dipunwahyukaken déning Allah, mila tiyang punika kalebet tiyang dzālim.” (TQS Al-Mā’idah: 45).
أَفَحُكْمَ ٱلْجَٰهِلِيَّةِ يَبْغُونَ ۚ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ ٱللَّهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ يُوقِنُونَ
“Apa menika hukum jaman jahiliyah ingkang badhe dipun-ginakaken? Lajeng, sinten malih ingkang langkung sae hukumipun tinimbang hukumipun Gusti Allah tumrap tiyang-tiyang ingkang yakin?” (TQS Al-Mā’idah: 50).
Wong sing ngaku njawani tapi ora gelem nglaksanani syariaté Gusti Allah, sejatiné durung ngerti ruhé Kejawen sing asli. Sombong punika manungsa ingkang ngersakaken hukum piyambak lan ngluhuraken hukum buatan tiyang, mula wau saged ndadosaken kufur.
وَمَنْ لَمْ يَحْكُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْكَافِرُونَ
“Sapa kemawon ingkang boten netepaken hukum miturut menopo ingkang dipunturunaken dening Allah, mila tiyang-tiyang menika kalebet tiyang kafir.” (TQS Al-Mā’idah: 44).

Sajarah Pamflet Kongres 1931: Ketakutan Kolonial Belanda dhumateng Simbol Jihad

Sajarah nyathet bukti ketegasan sikap pergerakan Islam ing jaman rumiyin lumantar selembar pamflet ingkang legendaris. Pamflet kasebat nggandheng gambar Pangeran Diponegoro saweg nuding dhumateng arah Masjid Gedhe Kauman Kraton Ngayogyakarta Hadiningrat, kanthi latar wingking Gunung Merapi sarta srengéngé ingkang sumunar padhang, dipunkanthèni kalimat mawi serat Arab حي على الفلاح (hayya ‘alal falah)—mangga tumuju dhumateng kamenangan!
Pamflet menika sanès sembarang pamflet. Menika wujud seruan ingkang mambara ingkang dipunterbitaken déning Muhammadiyah kagem nyemarakaken Kongres kaping 20 Muhammadiyah ing Ngayogyakarta tanggal 8–16 Mei 1931 M, tepat pitung (7) taun sakwisé runtuhé Khilafah Utsmaniyah ing taun 1924 M. Wonten ing swasana krisis global Islam wektu iku, Muhammadiyah tampil minangka pelopor kebangkitan Islam ing Nusantoro—mboten namung kanthi dakwah lisan lan tulisan, nanging ugi kanthi semangat perlawanan dhumateng kolonialisme.

Ketakutan Kolonial Belanda dhumateng Gambar Selembar Pamflet

Miturut sejarawan Peter Carey, gambar Pangeran Diponegoro kasebat dipunpendhet saking lukisan A.J. Bik, ingkang nggambaraken margi tumuju Masjid Gedhe Kauman, pusat spiritual umat Islam Ngayogyakarta. Gambar iku dipunpirsani minangka bentuk simbolik: Diponegoro minangka simbol jihad lan kebangkitan Islam, nuding dhumateng arah masjid minangka pusat kekuasaan lan kamenangan hakiki.
Pamaréntah kolonial ketakutan luar biasa. Gubernur Jenderal de Jonge mréntahaken supados sadaya bentuk visual, pamflet, lukisan, utawi benda menopo kemawon ingkang nampilaken sosok Diponegoro dipunbakar lan dipunlarang beredar. Kenging menapa? Amargi Belanda mangertos, kebangkitan Islam iku mboten namung dipunwiwiti saking gegaman utawi senjata, nanging saking kesadaran akidah, saking masjid, saking dakwah, lan saking pendhidhikan. Miturut peneliti Werner Kraus, pamflet kasebat mboten namung beredar ing ruang kongres, nanging ugi ing pasar-pasar sarta griyanipun rakyat. Menika mbuktekaken bilih pergerakan Islam ing jaman wontenipun jumeneng ing garda ngajeng nglawan penjajahan fisik sarta penjajahan pemikiran sekularisme, liberalisme, lan kristenisasi.

Rumiyin Tegas Nglawan, Menopo Sapunika Malah Lembek?

Nanging ingkang nrenyuhaken, sapunika kita sedaya saged mirsani kados pundi arah pergerakan Islam kontemporer ingkang ketingal bènten sangan. Sawetara wektu kepengker, publik dipundadosaken nggawok dhumateng sikap resmi pimpinan puser PP Muhammadiyah ingkang malah nyatakaken rasa kagum dhumateng Paus Fransiskus, ngantos nalika sedanipun tokoh kasebat, pemimpin Muhammadiyah justru ngajak masyarakat ndadosaken piyambakipun minangka "inspirasi". Menika tamtu kosok wangsul kaliyan sikap pergerakan Islam tempo dulu ingkang sanget tegas dhumateng sadaya bentuk penindasan sarta upaya kristenisasi.
Padahal, kita sedaya mangertos bilih agama menika sanès namung urusan ibadah ritual. Islam menika dien, sistem urip ingkang nyakup sadaya aspek gesang: ibadah, sosial, ekonomi, budaya, politik, sarta tamtu kemawon babagan pendhidhikan. Mila sanget dipunsayangaken menawi jaringan pendhidhikan Islam ingkang ageng ing Indonesia malah ngantepaken nilai-nilai sekuler mlebet lan nyusup ing njeronipun kanthi alesan moderasi, toleransi, utawi netralitas.
وَلَا تَهِنُوا۟ وَلَا تَحْزَنُوا۟ وَأَنتُمُ ٱلْأَعْلَوْنَ إِن كُنتُم مُّؤْمِنِينَ
"Aja ngerasa ringkih (lemah), lan aja susah ati, padahal kowé iku wong-wong sing paling dhuwur drajate, yen kowé bener-bener wong sing beriman." (TQS Ali 'Imran: 139).
Sadaya ormas Islam ingkang nate lair ing bumi Nusantoro—menopo menika Muhammadiyah, Nahdlatul Ulama (NU), PERSIS, Al Irsyad, ngantos Sarekat Islam (SI)—sejatosipun gadhah sajarah ingkang sami minangka respon saking rontokipun kekuasaan Islam global Khilafah Utsmani ing taun 1924 M kepengker. Sadaya elemen gerakan menika, pitados dhumateng kelompok tradisionalis utawi modernis, kedah wangsul nyepeng prinsip memurnikan tauhid, nglawan sadaya bentuk kesyirikan kalebet syirik sistemik, sarta jumeneng tegas ngadhepi arus sekularisme sarta liberalisme ing njeronipun donya pendhidhikan sarta masyarakat.

Janji Allah lan Masa Ngajeng Imperium Islam Global

Upaya para pengusung sekularisme liberal ing jaman sapunika kagem ngilangaken jejak sarta hukum Islam ing tanah Jawi sarta Nusantoro menika kalebet usaha ingkang muspra sarta sia-sia (utopia). Allah SWT sampun paring jaminan kepastian hukum bilih bebeneran Islam badhe dipunmenangaken ing nginggilipun sadaya sistem gesang sarta ideologi buatan manungsa, kados dene firman-Nya wonten ing Surah At-Taubah ayat 33.
Kajayan peradaban Islam ing masa kapengker sanès dongeng nggon saré. Nalika jaman kajayan Khilafah Turki Utsmani, jembarnipun tlatah Islam menika mbujur saking pucuk Maroko ing Afrika Lor ngantos dumugi pucuk Merauke ing Papua, dados negara adidaya tunggal (superpower) ingkang dipunajrihi ing donya salami berabad-abad. Bandingaken kaliyan sistem Demokrasi-Kapitalisme jaman sapunika ingkang dèrèng jangkep satus taun lumampah nanging sampun nglairaken karisakan ing sadaya sektor: alas dipun-eksploitasi kanthi srakah, moralitas risak, lan hukum saged dipun-jual-beli.
Institusi Khilafah global sanès sekadar impen utopis, nanging janji Allah SWT ingkang mutlak badhe kelakon kagem para kawula-Nya ingkang beriman sarta nindakaken amal saleh kados dene firman-Nya wonten ing Surah An-Nur ayat 55. Nalika fajar Khilafah menika wangsul jumeneng tegak, wilayah kekuasaannipun boten namung badhe jembar ngantos dumugi Papua kemawon, nanging badhe ngwiyaraken ugi nyawijike wilayah Selandia Baru ing pucuk wétan piyambak ing bumi (tlatah ingkang nggadhahi srengéngé mlethèk kapisan), ngilangaken sadaya bentuk penjajahan pemikiran, sarta ngwangsulaken fungsi Islam minangka Rahmatan lil 'Alamin. Menopo malih ing wektu sapunika kuantitas mualaf ing macem-macem belahan donya terus mindhak amargi rasa katarik dhumateng kesampurnaan ideologi Islam.

Penutup

Mugi Allah SWT tansah paring bashirah (ketajaman mripat ati) dhumateng kita sedaya kagem saged mirsani mungsuh-mungsuh Islam kanthi jernih sarta padhang. Sampun kersa dipunbihaken saking ajaran Islam namung amargi ajrih dipuncap “ke-Arab-araban”! Islam menika sanès budaya asing. Islam inggih menika margi gesang (jalan hidup), pituduh saking langit kagem sadaya manungsa ing sakindenging bumi menika. Lan Nusantoro inggih menika tanah ingkang nate muliyaken Islam!
Peringatan 1 Suro 1960 Jawa utawi pergantian taun éwah Hijriyah menika kedah dipundadosaken momentum wigati kagem mbongkar sarta mbuang tebih-tebih sisa propaganda kolonial Barat sarta infiltrasi pamikiran sekuler Freemason-Teosofi ingkang taksih nemplek ing njeronipun benak umat. Nggantos istilah “Minggu” dados “Ahad” ing pakulinan saben dinten menawi dipunpirsani pancen ketingal sepele, nanging saking mriku kita sedaya sinau ngwangsulaken identitas Islam ingkang sampun dangu dipunkikis déning penjajahan. Wangsulipun istilah "Ahad" menika bagian saking jihad kultural kagem njaga jati dhiri umat Islam, supados kita sedaya kulino ngagem istilah Islamiyah: Ahad, Itsnain, Tsulatsa, Arba’a, Khomis, Jum’ah, lan Sabt minangka wujud ghirah lan loyalitas iman.
Jawa dudu sekuler, Jawa dudu sinkretis. Jawa iku Islam. Ngucap "Ahad" iku bentuk perlawanan alus tapi bermakna—marang penjajahan budaya, marang hegemoni orientalis, marang kapitalisme sistemik. Kita sedaya ngajak generasi mudha Jawi lan Muslim: bali nyebut “Ahad” dudu “Minggu”, bali sinau Islam sak kaffah-e, lan bali nyambung sajarah Wali Songo lan Khilafah global. Kejawen sejati ora mung ngajak dadi “alus tindak tanduk”, nanging ngajak dadi “alus iman lan tauhid.” Muga-muga kita dadi generasi Jawa sarta Nusantoro sing ora mung njaga budaya, tapi uga njaga aqidah. Ngaku wong Jowo utawi wong Nusantoro kudu njaga ruhé: tauhid, akhlak, lan perjuangan ngugemi Islam kaffah.
Sampun wancinipun para kader sarta warga umat Islam pados kesadaran arah perjuangan. Bilih Islam menika sanès namung urusan shalat, siyam, sarta ngaji, nanging ugi urusan jumeneng ngadhepi penjajahan pemikiran, nglawan arus sekulerisasi, sarta negakaken Islam kaffah. Sadaya pergerakan Islam kedah dados pelopor malih: nglarasaken kiblat umat dhumateng arah perjuangan Islam murni, ndadosaken pendhidhikan minangka kahanan dakwah ideologis, sarta nolak sadaya bentuk kompromi kaliyan mungsuh-mungsuh tauhid. Menawi rumiyin gerakan Islam saged nerbitaken pamflet ingkang murugaken Walanda gemeter lan ajrih, kenging menapa ing jaman sapunika malah rangu-rangu paring swanten seru nglawan penjajahan gaya éwah?
Fastabiqul Khoirot! Mangga sami berlomba wonten ing njeronipun kasaénan, tegakaken Islam wiwit saking dhiri pribadi, kulawarga, ngantos dhumateng masyarakat wetah. Menawi kito tenan ngugemi Islam lan nglestantunaken tauhid, Allah badhe paring pitulungan:
إِن تَنصُرُوا۟ ٱللَّهَ يَنصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ أَقْدَامَكُمْ
“Yen kowé nulungi (agama) Allah, mesthi Allah bakal nulungi kowé lan netepake langkah-langkahmu.” (TQS Muhammad: 7).
Wallahu a'lam bish-shawab.
TAKBIR! ALLAHU AKBAR!![]


Posting Komentar untuk "1 SURO: SAMPUN WANCINIPUN NGANGSULAKEN PERADABAN ISLAM ING BUMI NUSANTORO‼️🏳️🏴"