Ing jaman sakmenika, kathah manungsa rumangsa paling pinter, paling bebas, lan paling duwe hak ngatur uripe dhewe. Ilahi dipinggirake, aturan Pencipta dianggep ora relevan. Akibate, manungsa wani nggawe aturan miturut hawa nepsu lan kepentingan. Ing jenenge “demokrasi”, nanging kasunyatane saka rakyat, dening rakyat, kanggo oligarki. Rakyat digawé miskin, digawé sibuk, lan alon-alon digawé ora kritis.
Padahal, kebodohan rakyat iku bahan bakar kekuwatan penguasa zalim. Mula, umat Islam kudu kritis, dudu mung manut (taklid) tanpa ilmu.
Taklid Wuta: Luwih Mbebayani Tinimbang Ora Ngerti
Taklid tanpa dalil iku mbebayani. Wong sing ora ngerti nanging gelem sinau, isih ana dalane. Nanging wong sing rumangsa ngerti nanging ora gelem mriksa maneh, iku sing paling angel.
Allah paring piweling:
وَلَا تَقْفُ مَا لَيْسَ لَكَ بِهِ عِلْمٌ ۚ إِنَّ السَّمْعَ وَالْبَصَرَ وَالْفُؤَادَ كُلُّ أُولَٰئِكَ كَانَ عَنْهُ مَسْئُولًا
“Aja manut marang apa-apa sing kowe ora duwe ilmuné. Satemene pangrungu, pangrasa, lan ati bakal dimintai pertanggungjawaban.”
(QS. Al-Isra’: 36)
Ayat punika tegesé cetha: iman lan amal kudu adhedhasar ilmu, dudu mung warisan utawa kebiasaan.
Manungsa Nalika Ora Butuh Ilahi
Nalika agama dipisah saka urip (sekularisme), manungsa rumangsa bebas nglanggar apa wae. Zina dianggep lumrah, riba dirasakake biasa, aturan Allah dianggep kuno. Iki dudu kebetulan, nanging akibat sistem sing sengaja njauhake agama saka pangaturan urip.
Allah ngendika:
أَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُونَ ۚ وَمَنْ أَحْسَنُ مِنَ اللَّهِ حُكْمًا لِقَوْمٍ يُوقِنُونَ
“Apa dheweke ngersakake hukum jahiliyah? Sapa sing luwih becik hukumé tinimbang Allah kanggo wong-wong sing yakin?”
(QS. Al-Ma’idah: 50)
Bab Kalender Hijriah: Hisab lan Ru’yat Kudu Dipahami Kanthi Ilmu
Perselisihan babagan awal Ramadhan, Syawal, lan Dzulhijjah asring mung dipahami sak permukaan. Ana sing bengok “ru’yat wae!”, ana sing nyebut “hisab wae!”. Nanging sing kritis kudu ngerti: ru’yat lan hisab iku saling gegandhengan, dudu saling nabrak.
Rasulullah ﷺ bersabda:
صُومُوا لِرُؤْيَتِهِ وَأَفْطِرُوا لِرُؤْيَتِهِ
“Puasaa kowe amarga ndeleng hilal, lan buka puasa amarga ndeleng hilal.”
(HR. Bukhari lan Muslim)
Nanging kudu dimangerteni, ru’yat ora tau bebas saka perhitungan (hisab) opo maneh saiki wis onok alat canggih sing iso mendeteksi posisi bulan sing diarani "fase bulan". Peta visibilitas hilal, imkan ru’yat, ketinggian, elongasi—kabeh iku data ilmiah. Masalahe saiki, ru’yat lan hisab diwatesi dening negara-bangsa (nation state), dudu umat Islam global.
Akibate? Beda tanggal dadi kaya “nasib”, padahal saka data hisab wis katon adoh sadurunge. Iki sing kudu dikritisi, dudu mung ditampa mentah-mentah.
Umat Islam Iku Siji Awak, Dudu Pecahan Negara
Rasulullah ﷺ ngendika:
مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِي تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ كَمَثَلِ الْجَسَدِ الْوَاحِدِ
“Perumpamaan wong-wong mukmin ing katresnan lan welas asih iku kaya siji awak.”
(HR. Muslim)
Nanging kasunyatane saiki, umat Islam dipérang-pérang dening wates politik. Kalender wae ora siji, piye ibadah lan arah peradaban?
Sejarah nyathet, Daulah Khilafah tau njaga kesatuan umat luwih saka 1300 taun, nganti runtuh taun 1924 M / 1332 H. Sawisé iku, umat dipérang dadi negara-bangsa, lan saka kene perpecahan saya dadi-jadi.
Kritis Iku Wajib, Dudu Opsi
Nalika ana sing ngomong, “Tenanaon dijadikan bahan pengetahuan wae, durung dadi patokan”, kuwi sah-sah wae. Nanging yen data ilmiah wae ora digatekake, kepiye umat bisa maju?
Kritis dudu tegesé mbalela. Kritis iku ngelmu, eling, lan tanggung jawab marang bebener.
Allah ngendika:
وَتِلْكَ الْأَيَّامُ نُدَاوِلُهَا بَيْنَ النَّاسِ
“Lan dina-dina iku kita pergilirkan ing antarane manungsa.”
(QS. Ali ‘Imran: 140)
■ HIKMAH & HARAPAN ■
Mugi umat Islam ora mung dadi wong sing rajin ibadah ritual, nanging uga cerdas mikir, wani kritis, lan teges ing sikap. Ojo gampang taklid, ojo keseret arus, lan ojo nganti agama mung dadi asesoris.
Mugi Allah paring cahya ilmu, keteguhan iman, lan nyawiji maneh umat Islam ing bebener lan keadilan.
Wallāhu a‘lam bish-shawāb.





Posting Komentar untuk "KUDU KRITIS OJO TAKLID‼️Èling lan waspada ojo gampang manut tanpo mikir"