Saklawasé iki, awaké déwé kadang luwih sibuk mikir urusan dunya ketimbang bekal kanggo akhirat. Padahal, tandha-tandha kiamat wis cetha kasat mata. Kemungkaran tambah marak. Kemaksiatan ditonton, dibela, malah dianggep normal. Nanging wong-wong sing ngajak bali marang syari’at, malah dicap radikal lan intoleran.
Ing tengahé masyarakat saiki, barang sing salah bisa dadi bener. Nanging barang sing bener malah dianggep aneh. Wong ngaji dibilang fanatik. Wong ngèlmu malah dijauhi. Wong ngajak taat malah digasak. Iki wis dadi fenomena umum ing akhir zaman.
Padahal Allah Subḥānahu wa Ta’ālā ngendika:
> "Afahukmal-jāhiliyyati yabghūna, waman aḥsanu minallāhi ḥukman liqawmin yūqinūn"
"Apa kowé padha kepéngin hukum jahiliyah? Sapa sing luwih apik hukumé tinimbang Allah kanggo wong-wong sing yakin?"
(QS. Al-Māidah: 50)
Yèn saiki awaké déwé ora èling lan ora gelem bali marang hukum Allah, kapan manèh? Yèn saiki awaké déwé isih milih hukum manungsa, hukum demokrasi, hukum kapitalis, hukum sekuler, banjur piye carané pengin slamet ing akhirat? Padahal saben wong bakal ditakoni, bakal dihisab, lan kudu tanggung jawab marang amalé.
> "Faman ya’mal mitsqāla dharratin khayran yarah, wa man ya’mal mitsqāla dharratin syarran yarah."
"Sapa waé sing nindakake kabecikan senajan mung sak dhòk, bakal dideleng. Lan sapa waé sing nindakake keburukan senajan mung sak dhòk, bakal dideleng."
(QS. Az-Zalzalah: 7–8)
Wektu Èling, Wektu Bali Marang Allah
Ayo èling sadurunge dièlingké. Ayo bali sadurunge kabotan. Wektu ora bakal bali. Ajal bisa teka kapan waé. Sing saiki isih urip, ora ana jaminan bakal urip minggu ngarep. Nanging sing pasti, sing wis mati ora bakal bisa bali kanggo mbeneraké uripé.
Dadi, ngapa kok awaké déwé durung gelem hijrah? Apa nunggu petaka teka? Apa nunggu sakaratul maut teka? Kepingin ngrasakaké azab dhisik ben gelem tobat?
Èling yèn siro kabèh!
Saiki wektu sing pas kanggo tobat. Wektu kanggo mecut awak, kanggo ganti arah, kanggo berbenah. Iki dudu wektu kanggo leha-leha. Iki wektu kanggo hijrah saka hukum jahiliyah menyang hukum Allah. Saka gaya urip sekuler menyang gaya urip Islami.
Yèn awaké déwé tenanan éling, mesthiné awaké déwé bakal welas karo awake dhéwé, karo kulawarga, karo umat. Ayo dadi wong sing gelem mikir, ora mung ngikut arus.
---
Hikmah & Harapan
Wong sing èling, iku wong sing bijaksana. Wong sing ngadeg nganggo syariat Allah iku wong sing mulia. Ayo padha mèngeti akhir zaman iki nganggo keimanan lan keberanian kanggo bali marang ajaran Islam sakabèhé (kaffah). Islam ora mung urusan masjid, tapi kudu ngatur kabeh: saka pribadi, rumah tangga, masyarakat, nganti nagara.
Mugi kita kabèh diparingi istiqamah kanggo terus ngaji, ngamal, lan dakwah. Ayo wujudké Islam sing rahmatan lil 'ālamīn, dudu mung slogan, nanging sistem urip nyata sing nyelametké urip dunia lan akhirat.
Èling yèn siro kabèh! Wektu wis cedhak! Ayo bali marang Allah lan hukum-Nya!

Posting Komentar untuk "Èling Yèn Siro Kabèh !!!"