Ngahad Kliwon, 20 Hapid 1958 Ehe | 20 Dzulqa’dah 1446 H
Ing dinten Ngahad Kliwon meniko, kulo ajak panjenengan sedoyo ngendhalèni satunggaling pepanggihan penting: ngelingi menawi Islam lan budaya Jawa puniko sejatinipun ora pisah, malah saling nyengkuyung. Nanging, alon-alon nanging mesthi, identitas Islam lan budaya asli Jawi punika dipun kaburaken. Salah satunggaling contonipun yaiku istilah "Minggu."
Minggu punika dudu istilah Islam. Dudu istilah Jawi. Palsu!
Istilah "Minggu" asalipun saking boso Latin "Dominicus" (dino Gusti), dipun serataken dening kolonialis Portugis lan Belanda nalika jaman penjajahan. Dene istilah Islam sejati kangge dino kapisan ing pekan yaiku:
"Ahad" – saking akar kata وَاحِدٌ (wahid) tegesipun: tunggal, satu, esa.
Istilah "Ahad" punika ngajak manungsa nyawiji dateng tauhid, la ilaha illallah!
Para wali—Wali Songo—kang asalipun saking tanah Arab, malah nindakaken dakwah Islam kanthi pendekatan budoyo Jawi. Nanging para misionaris lan orientalis ngupadi nggeser istilah asli, ngubah "Ahad" dados "Minggu." Dene umat Islam malah manut, ngucap "Minggu", padahal sejatinipun punika hari ibadah kaum sebelah.
Jawa sejati punika Jawa sing bertauhid. Dudu Jawa sing dipun sekulèrke!
Muhammadiyah minangka ormas Islam ingkang lahir wonten ing Yogyakarta—sumber budaya Jawi—ngajeni tenan ajaran Islam murni. Kanjeng Kyai Ahmad Dahlan punika keturunan Sunan Gresik (Maulana Malik Ibrahim), leluhur wali sing nyebarke Islam kanthi tauhid kang murni.
Lha kok saiki, malah ana wong ngarani “ngucap Allahu Akbar” iku Arab-araban? Wong bendera Kraton Jogja niku yo tulisan Lā ilāha illā Allāh, kok!
---
Pasca 1924: Umat Islam Terpecah, Sekulerisme Ngrembaka
Wiwit Khilafah Utsmani diruntuhke ing taun 1924, umat Islam ilang panutan. Negara-negara Islam dipérak-pérak dados nation-state, kalebu Nusantara. Mula, budaya, agama, lan sistem urip dipun pisah. Islam mung dipun tinggalke ing papan sujud, nanging ora wonten ing hukum, politik, ekonomi, pendhidhikan.
Syirik Sistemik nyebar: hukum Allah diganti hukum buatan manungsa. Masyarakat manut sistem kapitalisme, demokrasi, moderasi beragama.
Ngaku Islam, nanging toleransi dipelintir. Ajaran diencerke. Tauhid disingkirké, diganti "kerukunan formal."
Allah ngendika:
> قُلْ هُوَ ٱللَّهُ أَحَدٌ
"Katakanlah, Dia-lah Allah, Yang Maha Esa."
(QS. Al-Ikhlas: 1)
Ayat punika nggugah identitas umat Islam. Islam niku tauhid, ora mau digandhengke karo sistem kafir. Nanging, istilah “Ahad” malah dipun kaburaken. Pundi pakulinan kito? Ning sekolah, ning kantor, ning media... kabeh ngomong “Minggu” tinimbang “Ahad.”
Padahal “Ahad” punika tegesipun Wahid – Siji – simbol ketunggalan lan kemurnian tauhid.
Ngendiko Allah:
> وَلَا تَقُولُوا ثَلَاثَةٌ ۚ ٱنتَهُوا خَيْرًا لَّكُمْ ۚ إِنَّمَا ٱللَّهُ إِلَـٰهٌ وَٰحِدٌ
"Aja ngomong Gusti iku telu. Mandegna, iku luwih becik kanggo kowé. Sungguh Allah iku Ilah siji-sijiné."
(QS. An-Nisa: 171)
---
HIKMAH LAN HARAPAN
Wis wayahe umat Islam bali dateng jati dhirinipun. Ayo kita nguri-uri budoyo Jawi kang murni—budaya Jawi sing bertauhid.
Jawa dudu sekuler, Jawa dudu sinkretis. Jawa iku Islam.
Ngucap "Ahad" iku bentuk perlawanan halus tapi bermakna—marang penjajahan budaya, marang hegemoni orientalis, marang kapitalisme sistemik.
Kita ajak generasi muda Jawa lan Muslim:
Bali nyebut “Ahad” dudu “Minggu.”
Bali sinau Islam sak kaffah-e.
Bali nyambung sejarah Wali Songo lan Khilafah.
Menawi kito tenan ngugemi Islam lan nglestantunaken tauhid, Allah badhe paring pitulungan.
> إِن تَنصُرُوا اللَّهَ يَنصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ أَقْدَامَكُمْ
"Menawi panjenengan nulungi agami Allah, mesthi Allah badhe nulungi panjenengan lan negesake langkah-langkahmu."
(QS. Muhammad: 7)
Takbirrr...!!!
Allahu Akbar...!!!
Posting Komentar untuk "Mengembalikan Kemurnian Tauhid di Hari Ahad☝️ (Wahid / Tunggal) dari Kesyirikan Bentuk Apapun‼️"