SINAU SAKING KANJENG NABI IBROHIM AS: TAAT MARANG GUSTI TANPO NANGING

 



Alḥamdulillāh, sakmenika umat Islam sampun mlebet wonten ing dinten-dinten ingkang mulya wonten ing wulan Besar utawi Dzulhijjah. Wulan meniko mboten namung ngélingaké umat Islam dhateng ibadah kurban utawi haji kèmawon, nanging ugi ngélingaké kito sedoyo dhateng piwulang ageng babagan tauhid, ketaatan, pengorbanan lan persatuan umat Islam sedonya.

Saben rawuhipun wulan Dzulhijjah, umat Islam tansah dipun élingaké dhateng kalih utusan Allah ingkang ageng, inggih puniko Kanjeng Nabi Ibrahim AS lan putranipun Kanjeng Nabi Ismail AS. Saking kalih tiyang meniko, umat Islam sinau bilih iman sejati meniko kedah dipun buktèkaké kanthi taat dhateng Allah tanpa mbantah, tanpa kathah alesan lan tanpa “nanging”.



MBANGUN KA’BAH KANTHI TAUHID LAN KETAATAN 

Allah SWT ngabadèkaké kisah nalika Kanjeng Nabi Ibrahim AS lan Nabi Ismail AS mbangun Baitullāh:

«وَإِذْ يَرْفَعُ إِبْرَاهِيمُ الْقَوَاعِدَ مِنَ الْبَيْتِ وَإِسْمَاعِيلُ رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا ۖ إِنَّكَ أَنْتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ»

“Lan élinga nalikané Ibrahim ninggèkaké pondasi Baitullāh sesarengan kaliyan Ismail seraya ndedonga: ‘Dhuh Gusti kawulo, tampanana amal saking kawula sedaya. Satemené Panjenengan punika Maha Midhanget lan Maha Ngertos.’” (QS. Al-Baqarah: 127)

Ka’bah ingkang dipun bangun meniko lajeng dados pusat kiblat umat Islam sedonya. Jutaan umat Islam saking manéka warna bangsa, suku, basa lan negara sami sowan dhateng Makkah ngibadah haji kanthi ngagem ihram ingkang sami.

Allah SWT ngendika:

«وَأَذِّنْ فِي النَّاسِ بِالْحَجِّ يَأْتُوكَ رِجَالًا وَعَلَىٰ كُلِّ ضَامِرٍ يَأْتِينَ مِنْ كُلِّ فَجٍّ عَمِيقٍ»

“Lan serunen manungsa supados ngelampahi ibadah haji, mesthi badhé sami rawuh dhateng panjenengan kanthi mlampah lan nunggang kendaraan saking penjuru ingkang tebih.” (QS. Al-Hajj: 27)


TAAT TANPA “NANGING” 

Kanjeng Nabi Ibrahim AS puniko tuladha ageng babagan ketaatan dhateng Allah SWT. Naliko dipun dhawuhi nilaraken keluarganipun wonten ing tanah Makkah ingkang gersang, piyambakipun manut. Naliko dipun dhawuhi nyembelih putranipun piyambak, Nabi Ismail AS, piyambakipun ugi manut.

Meniko bukti bilih iman sejati meniko mboten namung wonten ing lathi, nanging kedah dipun buktèkaké kanthi pengorbanan lan kepasrahan total dhateng Gusti Alloh.

Sakmeniko kathah tiyang ngakunipun Islam, nanging menawi dipun dhawuhi nerapaké syariat Islam kanthi kaffah tansah wonten tembung: “Nanging ekonomi piyè?” “Nanging demokrasi piyè?” “Nanging HAM piyè?” “Nanging budoyo piyè?”

Kanjeng Nabi Ibrahim AS mboten ngendika “nanging”. Piyambakipun langsung sami’na wa atha’na — mirèng lan manut.


HAJI DUDU NAMUNG RITUAL, NANGING SIMBOL PERSATUAN UMAT 

Ibadah haji sejatinipun ugi dados simbol persatuan umat Islam sedonya. Sedoyo umat Islam sami ngadhep kiblat ingkang sami, nyebut asma Allah ingkang sami lan ngagem pakaian ihram ingkang sami.

Allah SWT ngendika:

«إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ»

“Satemené wong-wong Mukmin punika sedherek.” (QS. Al-Hujurat: 10)

Nanging mirisipun, sakmeniko umat Islam malah pecah dados negara-negara alit kanthi nasionalisme warisan penjajah. Padahal umat Islam gadhah Al-Qur’an ingkang sami, Nabi ingkang sami lan kiblat ingkang sami.

Akibatipun, umat Islam dados ringkih lan gampang dipun jajah kanthi politik, ekonomi lan budoyo.


GAZA TASIH NANGIS WONTEN ING WULAN SUCI 

Naliko umat Islam mlebet wulan Dzulhijjah kanthi pangajeng-ajeng rahmat Allah, sedhèrèk-sedhèrèk kito wonten ing Palestina tasih dipun bantai dèning Zionis Yahudi.

Bocah-bocah sami gugur syahid. Omah-omah sami remuk. Poro ibu nangis kèlangan putra-putranipun. Nanging kathah penguasa Muslim malah langkung sibuk njogo kepentingan politik lan ekonomi piyambak.

Meniko bukti bilih umat Islam sakmeniko dèrèng gadhah persatuan politik ingkang sejati.

Padahal Rasulullah ﷺ sampun ngendika:

«مَثَلُ الْمُؤْمِنِينَ فِي تَوَادِّهِمْ وَتَرَاحُمِهِمْ وَتَعَاطُفِهِمْ مَثَلُ الْجَسَدِ»

“Perumpamaanipun kaum Mukmin wonten ing bab tresna lan welas asih kados satunggaling badan.” (HR. Bukhari-Muslim)


WAYAHÈ UMAT ISLAM TANGI !!

Dzulhijjah kedah dados momentum kanggé umat Islam supados tangi saking turu panjangipun. Umat Islam boten kekurangan sumber daya alam, boten kekurangan jumlah penduduk lan boten kekurangan sejarah kejayaan.

Ingkang dèrèng wonten meniko persatuan sejati ing ngandhapipun syariat Islam kanthi kaffah.

Allah SWT sampun ngendika:

«وَاعْتَصِمُوا بِحَبْلِ اللَّهِ جَمِيعًا وَلَا تَفَرَّقُوا»

“Lan padha nyekelana tali agama Allah sedaya lan aja padha pecah-belah.” (QS. Ali ‘Imran: 103)

Mila, sampun wekdalipun umat Islam nilar ego golongan, fanatisme organisasi lan nasionalisme sempit. Umat kedah bali manunggal wonten ing ngandhapipun aqidah lan syariat Islam.

Mugi-mugi piwulang saking Kanjeng Nabi Ibrahim AS saged ndadosaké kito langkung taat dhateng Gusti Allah tanpa mbantah, tanpa kathah alesan lan tanpa “nanging”.

Allāhu Akbar… Allāhu Akbar… Allāhu Akbar…

Wallāhu a’lam bish-shawāb.


Posting Komentar untuk "SINAU SAKING KANJENG NABI IBROHIM AS: TAAT MARANG GUSTI TANPO NANGING"