Alhamdulillah, sakmeniko kito sampun mlebet ing dinten kaping 12 Ramadhan 1447 H miturut Kalender Hijriyah Global Tunggal (KHGT) ingkang dipunagem déning Muhammadiyah, hisab adhedhasar data astronomi global kanthi prinsip ru’yatul hilal global; wonten pundi kèmawon wulan kapirsani, mila puniko lumaku kanggè sedoyo umat Islam tanpo sekat wates wilayah utawi nagari.
Menawi miturut tanggalan Jawi, dinten puniko 12 Poso 1959 Dal, ingkang dipunagem déning Karaton Ngayogyakarta Hadiningrat, ingkang misuwur kanthi sistem ABoGe (Alif Rebo Wage). Satemenipun, tanggalan Jawi lan Islam punika selaras, dudu kalih perkoro ingkang saged dipunbentur-benturaken. Islam lan budoyo Jawi sampun nyawiji, mendarah daging, lumantar perjuangan poro wali lan para leluhur Mataram Islam.
Ora kroso, kito sampun nyedhaki peretengan Ramadhan. Kados dènè kèmawon wingi kito miwiti Poso ing Rebo Legi, 1 Ramadhan 1447 H / 18 Februari 2026 M. Saiki, sampun rolas dinten kito nyinau sabar, nyinau ngempet hawa nepsu, lan uga nyinau tundhuk dhateng Sang Kuoso.
SINAU TUNDHUK DHATENG GUSTI ALLAH
Wulan Poso punika dudu namung ngempet dahar lan ngunjuk. Nanging langkung saking punika, punika madrasah kanggè nyinau manut lan tundhuk dhateng Gusti Allah.
Gusti Allah ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِينَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُونَ
“He para tiyang ingkang iman, dipunwajibaken dhumateng panjenengan sedaya poso kados dene dipunwajibaken dhumateng umat sakderengipun panjenengan, supados panjenengan dados tiyang ingkang taqwa.”
(QS. Al-Baqarah: 183)
Taqwa punika tegesipun sadar bilih kito meniko namung kawula, dudu panguwasa sejati. Menungso asring gemagus, gumedhè, sombong, ngraos dados sing paling kuwoso. Nanging sejatosipun bumi lan langit menika kagunganipun Gusti Allah.
وَلِلَّهِ مُلْكُ السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ
“Lan kagunganipun Allah karaton langit lan bumi.”
(QS. Ali ‘Imran: 189)
Menawi bumi meniko kagunganipun Gusti Allah, mila Nusantoro ugi kagunganipun Gusti Allah. Dudu kagunganipun golongan tartamtu. Dudu kagunganipun ideologi sekuler utawi liberal.
OJO GEMAGUS, OJO SOMBONG
Sakmeniko kito nyumurupi kados pundi menungso saged ngluwihi sifat iblis: perang, bom atom, nuklir, ambisi kekuasaan, ngrebut tanah, genosida, ngorbanaken tiyang alit demi kapentingan politik lan ekonomi.
Menungso lali bilih piyambakipun namung makhluk. Nalika hawa nepsu dados pangarsa, nalika kekuasaan dados tujuan utama, nalika hukum Gusti dipunsepèlèkaken, rusaklah tatanan bumi.
Gusti Allah sampun ngelingaken:
ظَهَرَ الْفَسَادُ فِي الْبَرِّ وَالْبَحْرِ بِمَا كَسَبَتْ أَيْدِي النَّاسِ
“Sampun cetho karusakan wonten ing dharatan lan seganten amargi saking pakaryan tangan-tanganipun menungsa.”
(QS. Ar-Rum: 41)
Punapa malih naliko ono tiyang ngendika, “Menawi kersa syariat Islam, monggo pindhah dhateng Arab, punika dudu tanah Arab.” Punika pamanggih ingkang kirang trep. Islam punika rahmat kanggè sedoyo alam, dudu milik bangsa tartamtu.
Nusantara punika ugi tanah Islam. Sejarah nyatet bilih wilayah punika natè dados perangan saking jaringan politik lan dakwah Islam global. Warisan Mataram Islam lan perjuangan poro ulama mboten saged dipunilangi saking memori umat.
POSO NGELATIH MANUT KAFFAH
Wulan Poso ngajari kita disiplin. Wanci imsak kita ngendhaleni diri. Wanci maghrib kita mbukak kanthi tertib. Punika latihan manut dhateng dhawuh, sanajan hawa nepsu kepèngin nerobos.
Manut punika dudu namung nalika gampang. Nanging ugi nalika angèl. Manut dudu namung ing bab ibadah ritual, nanging ugi ing tatanan gesang sedinten-dinten.
Gusti Allah ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً
“He para tiyang ingkang iman, mlebetana panjenengan sedaya dhateng Islam kanthi kaffah (sakabehe, totalitas).”
(QS. Al-Baqarah: 208)
Kaffah utawi “kabbèh” miturut basa Jawi, tegesipun sakabèhè, ora setengah-setengah. Dudu milih-milih ajaran sing cocog kaliyan kepentingan pribadi.
Ramadhan punika latihan totalitas. Saking lisan, ati, pikiran, tumindak, dumugi tata kelola gesang.
■ HIKMAH lan HARAPAN ■
Kita kedah èling bilih manungsa menika namung numpang, namung dipunparingi titipan. Bumi, kekuasaan, jabatan, bandha, sadaya punika amanah.
Ojo gemagus. Ojo sombong!
Romadhon ngelatih kita dados tiyang taqwa.
Puwoso ngelatih kita manut dhateng ingkang Kuwoso kanthi totalitas, kanthi kaffah, kanthi “kabbèh”.
Mugi Ramadhan punika mbentuk kita dados kawula ingkang andhap asor, teges ing prinsip, lan istiqamah ing dalanipun Gusti Allah.
Wallahu a’lam bish-shawab.
Takbir!
Allohu Akbar!


Posting Komentar untuk "WULAN POSO, WULAN NYINAONI TUNDHUK LAN MANUT DHATENG SANG KUOSO"