Kekancan Karo Liberal, Ning Kaget Yen Syariat Islam Kudu Total

 


Ing jaman saiki, kathah tiyang Islam piyambak ingkang ngrasakaken ajaran Islam punika malah kados dados barang asing. Islamophobia boten namung asal saking tiyang kafir, nanging malah kathah ingkang medal saking awak dhewe, saking ummat Islam piyambak.


Kathah ingkang sarjana, dosèn, profesor, pendhidhikané dhuwur, nanging sanes ndhuwur pemikiranè, malah ndhuwur gumunané & ndhuwur tapi ngawur. Nalika dipun atur bil Qur’an, dipun tegur bil hadits, malah kagèt. Dipun ucapaken "khilafah", kagèt. Dipun dawuhaken "kaffah", grogi. Padahal ajaran Islam punika sak mesthinipun total, nyakup sakabehing aspek, saking aqidah, ibadah, akhlak, sosial, ekonomi, politik nganti budoyo.



---


🕌Islam Rawuh kanthi Kados Wong Liyan (Asing)


📜 حديث رسول الله ﷺ:


> بَدَأَ الْإِسْلَامُ غَرِيبًا، وَسَيَعُودُ كَمَا بَدَأَ غَرِيبًا، فَطُوبَى لِلْغُرَبَاءِ


“Bada’al-Islām gharīban, wa saya‘ūdu kamā bada’a gharīban, fa ṭūbā lil-ghurabā’.”


(HR. Muslim)




📖 Tegesipun: Islam wiwitane rawuh kados tamu, kados dudu milik masyarakat. Lan bakal bali koyo mangkono malih: dadi asing. Mula kabegjan agung tumrap para "ghurabā’" — wong-wong ingkang tetep ngagem lan ndakwahaken Islam kanthi kaffah sanajan asing ing pandhangan masyarakat.



---


🧠 Sistem Jahiliyah Modern


Saiki tiyang urip ing jaman jahiliyah modhèren, ingkang saben laku lampah punika diparingi embel-embel: "kebebasan" lan "HAM". Bebas berpikir, bebas berzina, bebas aurat, bebas nyiyir, bebas murtad, nanging bebas nyuarakaken Islam malah dipateni. Ndunyo boten dipun atur mawi wahyu, nanging mawi hawa nafsu.



---


🎓 Pendidikan Modern: Lulusan Akeh, Mustanir Setitik


Sekolah-sekolah, kampus-kampus, dipun puji kados pabrik ijazah, nanging boten njamin hasil tiyang-tiyang mustanir. Lulusan S1, S2, S3 kathah... nanging kathah ugi ingkang nganggur, kathah ingkang mung nrimo sistem rusak, ora wani mikir alternatif saka Islam. Padahal mustanir (wong ingkang cerah pikirane) punika tiyang ingkang ngerti dalil, mikir sahih, lan wani ndakwah.



---


🗣 Ayo Kito Ngaji lan Dakwah


Kulo ajak panjenengan sedoyo, aja mung nyambut damel, aja mung golek ijazah, nanging ayo ngaji! Ayo ndeleng Qur’an lan Sunnah. Ayo kita gawe pemikiran-pemikiran murni saking Islam, daktularake pemikiran mustanir ing masyarakat.

Ngaji, ngaji lan dakwah.



---


🌟 Hikmah & Harapan


> إِن تَنصُرُوا اللَّهَ يَنصُرْكُمْ وَيُثَبِّتْ أَقْدَامَكُمْ


"In tanshurullāha yanshurkum wa yutsabbit aqdāmakum."


(QS. Muhammad: 7)


"Manawi panjenengan mbantu agami Allah, mesthi Allah ugi badhe mbantu panjenengan lan netepaken pijakan panjenengan."





---


Wallāhu a‘lam bish-shawāb

Takbīr! Allāhu Akbar!

Posting Komentar untuk "Kekancan Karo Liberal, Ning Kaget Yen Syariat Islam Kudu Total"