EKONOMI INGKANG KIYAT LAN BERDAULAT NAMUNG KANTHI SYARIAH



 بِسْمِ اللّٰهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ

Nilai tukar rupiah soyo soyo kepèpèt lan sapuniko sampun nglangkungi angka Rp18.000 saben dolar Amerika Serikat. Kawontenan puniko mboten namung prakawis kurs utawi nilai tukar mata uang kèmawon, nanging ugi gadhah pangaribawa langsung tumrap pagesanganipun masyarakat.

      Naliko rupiah soyo melemah, rega bahan baku impor soho biaya produksi soyo mundhak. Akibatipun, manéka warna kabutuhan pokok soho barang lan jasa ugi soyo awis. Ing wekdal ingkang sami, penghasilan masyarakat mboten tansah mundhak kanthi cepet kados mundhakipun rego barang. Pramilo daya tumbas masyarakat soyo mudhun lan beban pagesangan soyo abot.

      Kawontenan puniko ugi maringi tekanan dhateng donya usaha, mliginipun sektor manufaktur ingkang taksih kathah gumantung dhateng bahan baku impor. Mundhakipun biaya produksi saged nyebabaken nyusutipun aktivitas usaha lan malah saged nuwuhaken pemutusan hubungan kerja (PHK). Dados, golongan masyarakat kanthi penghasilan tetep soho kelas menengah dados pihak ingkang paling kathah nampi dampakipun, awit biaya gesang soyo mundhak, daya tumbas soyo lemah, lan kasempatan nyambut damel soyo sempit.



SEBAB-SEBAB RUPIAH TERUS MELEMAH

Pitakenanipun, punapa ingkang ndadosaken rupiah tansah melemah?

      Salah satunggaling sebab utami inggih puniko amargi ekonomi Indonesia taksih gumantung dhateng impor saha modal asing. Sanadyan negeri puniko sugih sumber daya alam, nanging kathah kabutuhan strategis kados bahan baku industri, mesin, teknologi, energi, saha sawetawis pangan taksih kedah dipunimpor saking njawi negeri.

      Kajawi puniko, gumantungipun ekonomi dhateng investasi asing ndadosaken rupiah rentan tumrap gejolak ekonomi global. Naliko para investor narik modalipun saking Indonesia, tekanan dhateng rupiah soyo awrat.

      Faktor sanès ingkang mboten saged dipunsepelekaken inggih puniko mundhakipun utang negoro. Ing taun 2026, pamaréntah ngadhepi utang jatuh tempo ingkang ageng sanget. Kahanan puniko saged ningkataken persèpsi risiko para investor tumrap perekonomian nasional.

      Salajengipun, dominasi dolar Amerika Serikat ing sistem keuangan global ugi dados panyebab utama. Naliko suku bunga Amerika Serikat mundhak, aliran modal global kathah ingkang pindhah dhateng aset dolar, saéngga mata uang negara-negara berkembang, kalebet rupiah, soyo kepèpèt.

      Mila cetha bilih ketergantungan dhateng impor, modal asing, utang, saha dominasi dolar Amerika dados faktor utama ringkihipun nilai rupiah.



PANDANGAN ISLAM TUMRAP KRISIS EKONOMI

      Saking sudut pandang Islam, melemahipun rupiah mboten namung prakawis moneter utawi teknis ekonomi kemawon. Puniko dados pratandha wontenipun ketergantungan struktural ingkang medal saking sistem ekonomi kapitalisme sekuler.

      Islam maringi piwulang bilih krisis ekonomi saha sirnanipun berkah mboten namung dipunsebabaken déning faktor ekonomi, nanging ugi amargi manungso soyo tebih saking tuntunan wahyu Allah SWT.

Allah SWT ngandika:

وَلَوْ اَنَّ اَهْلَ الْقُرٰٓى اٰمَنُوْا وَاتَّقَوْا لَفَتَحْنَا عَلَيْهِمْ بَرَكٰتٍ مِّنَ السَّمَاۤءِ وَالْاَرْضِ وَلٰكِنْ كَذَّبُوْا فَاَخَذْنٰهُمْ بِمَا كَانُوْا يَكْسِبُوْنَ

"Manawi para penduduk nagari-nagari punika sami iman lan takwa, mesthi Ingsun badhé mbikak berkah saking langit lan bumi tumrap piyambakipun. Nanging amargi piyambakipun sami ngingkari, mila Ingsun siksa piyambakipun awit saking tindak tandukipun." (TQS. Al-A'raf: 96)

Islam ugi mirsani bilih sistem ribawi dados salah satunggaling sumber utama masalah ekonomi modern. Dènè Allah SWT sampun netepaken:

وَأَحَلَّ اللَّهُ الْبَيْعَ وَحَرَّمَ الرِّبَا

"Allah ngahalalaken jual beli lan ngaramaken riba." (QS. Al-Baqarah: 275)

Malah Allah SWT paring ancaman ingkang awrat tumrap pelaku riba:

فَأْذَنُوْا بِحَرْبٍ مِّنَ اللّٰهِ وَرَسُوْلِهٖ

"Mila wartakna perang saking Allah lan Rasul-Nya." (QS. Al-Baqarah: 279)



SOLUSI ISLAM KANGGO NGUATKEKAKEN EKONOMI

      Pramila, wonten sawetawis langkah mendasar ingkang kedah dipuntindakaken:

Sepisan, negara wajib nilar sedoyo instrumen pembiayaan berbasis riba, kalebet utang berbunga saha obligasi ribawi, lajeng nggantos kanthi sumber pemasukan ingkang syar'i.

Kapindho, pengelolaan sumber daya alam kedah dipunbalèkaken miturut syariat Islam, inggih puniko dipunkelola déning negara kanggé kemaslahatan rakyat, mboten dipunsrahaken dhateng swasta utawi pihak asing.

Rasulullah SAW ngendika:

الْمُسْلِمُونَ شُرَكَاءُ فِي ثَلَاثٍ فِي الْمَاءِ وَالْكَلَإِ وَالنَّارِ وَثَمَنُهُ حَرَامٌ

"Kaum Muslim sami gadhah hak bebarengan wonten ing tigang prakawis: toya, pangonan suket, lan geni." (HR. Ibnu Majah)

Kanthi pengelolaan SDA ingkang leres, negara badhé gadhah pemasukan ageng tanpa gumantung dhateng utang saha modal asing.

Katigo, negara kedah ngalih dhateng sistem moneter berbasis dinar lan dirham supados saged uwal saking dominasi dolar Amerika.

Kaping sekawan, negara kedah ngiyataken kemandirian ekonomi kanthi ngembangaken sektor pertanian, industri, energi, pertambangan, teknologi, saha sektor-sektor strategis sanèsipun, saéngga mboten gumantung dhateng impor.

Kaping gangsal, negara kedah mbangun sistem keuangan mandiri lumantar institusi Baitul Mal kanthi sumber pemasukan syar'i kados kharaj, jizyah, fai', ghanimah, 'usyur, harta milik negara, saha asil pengelolaan kepemilikan umum.

Kanthi penerapan syariah Islam ing bidang ekonomi kanthi utuh, insyaAllah negara saged mujudaken kemandirian ekonomi, stabilitas moneter, saha kesejahteraan rakyat tanpa gumantung dhateng utang lan dominasi ekonomi asing.



PENUTUP

Sadaya solusi punika mboten badhé saged kalaksanan kanthi sampurna menawi syariah Islam mboten dipunterapaken kanthi kaffah. Islam mboten namung mirsani ekonomi minangka prakawis teknis, nanging minangka bagéyan saking sistem pagesangan ingkang kedah dipunatur adhedhasar wahyu Allah SWT.

Allah SWT ngandika:

اَفَحُكْمَ الْجَاهِلِيَّةِ يَبْغُوْنَۗ وَمَنْ اَحْسَنُ مِنَ اللّٰهِ حُكْمًا لِّقَوْمٍ يُّوْقِنُوْنَ

"Punapa hukum jahiliyah ingkang dipunkajengaken? Lan sinten ingkang langkung sae hukumé ngungkuli Allah tumrap kaum ingkang yakin?" (TQS. Al-Ma'idah: 50)

Pramila, solusi mendasar kanggé mujudaken mata uang ingkang kiyat saha ekonomi ingkang berdaulat inggih puniko kanthi nerapaken syariah Islam sacara kaffah wonten ing sistem pamaréntahan Islam. Kanthi nerapaken hukum-hukum Allah ing babagan politik, ekonomi, moneter, keuangan, perdagangan, industri, saha pengelolaan sumber daya alam, insyaAllah kemandirian ekonomi, keadilan distribusi kasugihan, lan stabilitas moneter saged kawujud kanthi lestari.

Wallâhu a'lam bish-shawâb. []


Posting Komentar untuk "EKONOMI INGKANG KIYAT LAN BERDAULAT NAMUNG KANTHI SYARIAH"