بِسْمِ اللَّهِ الرَّحْمٰنِ الرَّحِيْمِ
Sedoyo puji syukur sumangga kita aturaken dhumateng Allah Subhanahu wa Ta’ala, Dzat ingkang sampun maringi nikmat iman, nikmat Islam, nikmat sehat, saha nikmat wekdal, saéngga ing dalu meniko kito taksih saged nglajengaken dakwah lan ngaji bebarengan.
Shalawat saha salam mugi tansah kaaturaken dhumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad Shallallahu ‘alaihi wa sallam, dhumateng keluarga panjenenganipun, poro shahabat, tabi’in, tabi’ut tabi’in, saha sedoyo umatipun ingkang setya ngugemi sunnahipun ngantos akhir zaman.
MAKSUD KAJIAN KLIWONAN MENIKO
Ing wengi Selasa Kliwon meniko, kito ngrembag tèma ageng:
" Ta’at Marang Syari’at "
Amargi kathah tiyang nyebat Islam meniko namung ngatur ibadah. Islam dipun sempitaken dados urusan masjid kèmawon. Padahal Islam puniko agama sampurna, agama ingkang ngatur sedoyo aspek gesang.
Allah Ta’ala ngendika:
الْيَوْمَ أَكْمَلْتُ لَكُمْ دِينَكُمْ وَأَتْمَمْتُ عَلَيْكُمْ نِعْمَتِي وَرَضِيتُ لَكُمُ الْإِسْلَامَ دِينًا
"Ing dinten menika sampun Kusempurnakaken kanggé panjenengan agami panjenengan, sampun Kucukupaken nikmat-Ku dhateng panjenengan, lan Kuredhai Islam dados agama panjenengan."
(QS. Al-Ma’idah: 3)
Mila Islam sampun sampurna. Syari’atipun sampun jangkep. Ora namung shalat lan puasa, nanging ugi ngatur pendidikan, ekonomi, keluarga, hukum, sosial, media, ngantos pemerintahan.
MENAPA KERUSAKAN SAYA MARAK?
Menawi dipun tingali dinten meniko:
• kejahatan soyo tambah kathah
• rumah tangga kathah remuk
• generasi bingung arah
• pendidikan garing adab
• media kebak fitnah lan syahwat
Wangsulanipun cetha:
Amargi manungsa saya adoh saking syari’at Allah.
Allah ngendika:
وَمَنْ أَعْرَضَ عَنْ ذِكْرِي فَإِنَّ لَهُ مَعِيشَةً ضَنْكًا
"Lan sinten ingkang berpaling saking peringatan-Ku, saestu piyambakipun badhe ngalami panguripan ingkang sempit."
(QS. Thaha: 124)
Sempit meniko mboten namung miskin bandha. Nanging ugi sempit ati, sempit berkah, sempit tentreming gesang.
SYARI’AT DUDU BEBAN, NANGING RAHMAT
Kathah tiyang wedi kaliyan syari’at. Ono ingkang ngendika syari’at keras, radikal, ekstrem, teroris, wahabi, kolot, mboten cocog jaman modern, ora relevan.
Padahal ingkang rusak dudu syari’atipun, nanging pola pikir manungsa ingkang sampun keracunan sekulerisme.
Sekulerisme meniko misahaken agama saking kehidupan.
Akibatipun:
• sekolah tanpa adab
• hukum tanpa keadilan
• politik tanpa amanah
• ekonomi tanpa berkah
• media tanpa tanggung jawab
Islam rawuh mboten kanggé nyusahaken, nanging kanggé nylametaken.
TAAT MARANG SYARI’AT ING PENDIDIKAN
Pendidikan meniko dudu namung ngejar nilai, ijazah, soho gelar.
Allah ngendika:
يَرْفَعِ اللَّهُ الَّذِينَ آمَنُوا مِنْكُمْ وَالَّذِينَ أُوتُوا الْعِلْمَ دَرَجَاتٍ
"Allah badhe ngangkat drajatipun tiyang-tiyang ingkang iman lan tiyang-tiyang ingkang diparingi ilmu."
(QS. Al-Mujadilah: 11)
Nanging ilmu kedah sesarengan kaliyan iman. Menawi ilmu dipun pisah saking iman, saged dados alat maksiat, alat penipuan, alat korupsi, alat kesombongan.
Mila sekolah kedah mbalek dhateng adab, akhlak, lan taqwa.
TAAT MARANG SYARI’AT ING RUMAH TANGGA
Kathah keluarga remuk dudu amargi boten sugih, nanging amargi adoh saking tuntunan Allah.
Lanang nilar tanggung jawab.
Estri nilar kehormatan.
Anak dipun asuh HP.
Wektu kumpul kalah kaliyan media sosial.
Allah ngendika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا قُوا أَنْفُسَكُمْ وَأَهْلِيكُمْ نَارًا
"Wahai tiyang iman, jaganen awakmu lan keluargamu saking neraka."
(QS. At-Tahrim: 6)
WENGI KLIWON OJO KANGGO TAHAYUL !
Kathah masyarakat nganggep wengi kliwon menika wengi wingit, wengi mistis, wengi angker.
Padahal menawi diisi ilmu, dzikir, lan nasihat, malah saged dados wengi mulya.
Mila kajian kliwonan meniko minangka dakwah:
• ngisi wengi kliwon kaliyan ilmu
• mbusak tahayul
• ngelingaken umat
• ngajak taubat lan taat
PESAN KANGGO GENERASI MUDA
Ojo gampang kagum kaliyan Barat.
Negaranipun maju teknologi, nanging kathah depresi.
Gedhongipun inggil, nanging keluarga rapuh.
Hiburan kathah, nanging jiwa kosong.
Islam ngajari keseimbangan:
• ruh
• akal
• jasad
• masyarakat
• negara
BERSEGERA SADURUNGE TELAT
Rasulullah ﷺ ngendika:
بَادِرُوا بِالْأَعْمَالِ فِتَنًا كَقِطَعِ اللَّيْلِ الْمُظْلِمِ
"Bersegeralah kalian beramal sadèrèngipun rawuh fitnah kados petenging wengi."
Menika zaman fitnah:
• fitnah informasi
• fitnah syahwat
• fitnah konten
• fitnah pemikiran
Mila sing slamet yaiku sing nyekel agama.
AYO TAUBAT !
Sampun piro dosa kita?
Sampun piro shalat telat?
Sampun piro Qur’an boten kabuka?
Sampun piro wektu kebuang percuma?
Nanging Allah taksih maringi lawang taubat.
قُلْ يَا عِبَادِيَ الَّذِينَ أَسْرَفُوا عَلَى أَنْفُسِهِمْ لَا تَقْنَطُوا مِنْ رَحْمَةِ اللَّهِ
"Ngendikana: Wahai hamba-Ku ingkang ngluwihi batas dhateng awaké dhewe, aja putus asa saking rahmat Allah."
(QS. Az-Zumar: 53)
■ HIKMAH & HARAPAN ■
Kajian wengi meniko maringi piwulang bilih kerusakan ing masyarakat sejatosipun dudu amargi kurang teknologi, kurang gedhong, utawi kurang aturan buatan manungsa. Nanging amargi adoh saking syari’at Allah.
Menawi umat kepengin tentrem, berkah, mulya, lan kuat, mila kedah bali dhateng Qur’an lan Sunnah. Syari’at dudu momok, nanging rohmat. Syari’at dudu ancaman, nanging solusi.
Mugi-mugi kito sedoyo dipun paringi kakiyatan kanggé tansah taat marang Allah, istiqamah ngamalaken syari’at, lan dados bagéyan saking kebangkitan umat Islam.
Wallahu a’lam bishowab. []


Posting Komentar untuk "🫡TAAT MARANG SYARI’AT - KAJIAN KLIWONAN🎥☕🌖"