Ngaku wong Jowo? Yo kudu ngerti ruhé Kejawen sing sejati!
Akeh saiki wong ngaku “njawani”, nganggo blangkon, sarung batik, basa alus, tapi ora ngerti maknane tanggalan Jawa, ora ngerti bulan Sura, ora ngerti maksude Rejeb, Poso, Besar.
Padahal, kabeh iku asalé seko Islam!
📜 Sultan Agung Hanyokrokusumo, Raja Mataram Islam, sing nggawe sistem penanggalan Jawa iku ora sembarangan. Dheweke nyawijèkaké kalender Hijriyah karo budaya Jawa supaya rakyaté tetep éling marang Gusti Allah.
Tanggalan Jawa kuwi sejatiné ya tanggalan Islam, mung nganggo basa lan rasa Jawa. Selain itu juga sultan Agung Mataram dahulu menyukai bahasa Arab, makanya bahasa Jawa yang awalnya menggunakan "A" menjadi "O" karena distandarisasi dari bahasa Arab seperti adanya huruf "ro', dzo', dho', tho', gho'".
🌾 Ruh Kejawen: Tauhid lan Ketundukan marang Gusti Allah
Kejawen sejati iku sebenerè dudu ngundang jin, dudu sesajen, dudu ngalap berkah saka kuburan.
Kejawen sejati iku ngelmu kasampurnan — yaiku nggayuh pangerten hakiki manawa urip iki kudu manut marang aturané Gusti Allah.
Maknane pas karo firman Allah ﷻ:
> قُلْ إِنَّ صَلَاتِي وَنُسُكِي وَمَحْيَايَ وَمَمَاتِي لِلَّهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ
لَا شَرِيكَ لَهُ ۖ وَبِذَٰلِكَ أُمِرْتُ وَأَنَا أَوَّلُ الْمُسْلِمِينَ
“Katakanlah: Sesungguhnya shalatku, ibadahku, hidupku dan matiku hanyalah untuk Allah, Tuhan semesta alam. Tiada sekutu bagi-Nya; dan demikian itulah yang diperintahkan kepadaku, dan aku adalah orang yang pertama-tama berserah diri.”
(QS. Al-An‘ām [6]: 162–163)
Iki ayat tauhid sing dadi pondasi uripé wong Islam, kalebu wong Jawa sejati.
Sebab wong Jowo asli iku “ngugemi agamané Gusti” — manut syariat, ora nyembah kajaba Allah.
🏰 Islam lan Kraton Nusantara
Kraton-kraton ing tanah Jawi mbiyèn dadi pusat penyebaran Islam.
Kraton Demak, Pajang, termasuk Kraton Ngayogjokarto Hadiningrat yang berawal dari kerajaan Mataram — kabèh iku ngadeg saka semangat Islam kaffah.
Para raja kaya Sultan Agung, Panembahan Senopati, nganti Hamengkubuwono pisan iku padha yakin:
Negara ora bisa lestari tanpa hukum Gusti Allah.
Wiwitane, “ngawula marang ratu” iku maknane “ngawula marang syariaté Gusti Allah” sing dijalanke déning ratu.
Dadi, Kejawen sejati kuwi ora mung adat lan budaya, nanging cara mikir lan cara urip sing manut Gusti Allah.
Allah ﷻ paring pepeling manèh:
> وَمَنْ لَمْ يَحْكُمْ بِمَا أَنْزَلَ اللَّهُ فَأُولَٰئِكَ هُمُ الْكَافِرُونَ
“Barang siapa tidak memutuskan perkara menurut apa yang diturunkan Allah, maka mereka itulah orang-orang kafir.”
(QS. Al-Mā’idah [5]: 44)
Iki tegesè, wong sing ngaku njawani tapi ora gelem nglaksanani syariaté Gusti Allah, sejatiné durung ngerti ruhé Kejawen sing asli.
🌙 Tradisi Jawa: Wadah, Dudu Tujuan
Sura, Rejeb, lan Poso iku wektu sing suci kanggo muhasabah lan ibadah.
Nanging saiki malah dadi ajang pesta, kirab, malah ana sing campur karo kesyirikan.
Padahal leluhur Jawa biyèn — kaya Sunan Kalijaga, Sunan Giri, Sunan Ampel — nyebar Islam nganggo budaya supaya rakyaté gampang nampa dakwah, dudu kanggo nyampuraké akidah!
Mula wong sing ngerti ruhé Kejawen sejati mesthi bakal nemu kesimpulan:
“Opo wae sing ana gandhèngané karo Kejawen sejati, mesthi bakal nyambung karo Islam kaffah.”
Ora ana pemisahan antara “agama” lan “urip saben dina”.
💫 HIKMAH & HARAPAN
Kejawen sejati ora mung ngajak dadi “alus tindak tanduk”, nanging ngajak dadi “alus iman lan tauhid.”
Muga-muga kita dadi generasi Jawa sing ora mung njaga budaya, tapi uga njaga aqidah.
Ngugemi warisan sejati para wali lan ratu Islam sing ngadegaké peradaban Jawi kang adil lan makmur ing sangisoring ridho Allah.
🌿
Ngaku wong Jowo kudu njaga ruhé: tauhid, akhlak, lan perjuangan ngugemi Islam kaffah.
Wallāhu a‘lam bish-shawāb.


Posting Komentar untuk "Kejawen Sejati Justru Sebenarnya Mengarah pada Islam Kaffah‼️"