Segala puji hanya milik Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā, Rabb semesta alam, dzat ingkang kagunganipun jagad raya lan sakabèh isiné. Dialah yang memberikan nikmat iman, Islam, dan kesempatan hidup hingga detik ini. Maka wis sepatuté kita manut dumateng aturan-Nya, ora manut aturan buatan manungsa kados Adam Smith, Plato, utawa Montesquieu.
Shalawat lan salam kita curahkan kepada junjungan kita Nabi Muhammad ﷺ, kepada keluarga, sahabat, tabi‘in, tabi‘ut-tabi‘in, lan mugi tekan dhumateng kita kabeh, selaku umat beliau ingkang tansah berusaha ittibā‘, mengikuti sunnah-sunnah beliau, dan menjadikan risalahnya sebagai pedoman utama.
---
Realita Sing Katon Saiki
Ndelok sing katon saiki, kahanan umat iki bener-bener prihatin!
Masjid yo akèh, makin megah, tapi sing jamaH setitik malah kalah karo tempat tongkrongan sing sebenerè kui gak onok manfaatè!.
Jumlah umat Islam akèh, nanging hukum sing dipakai luwih manut aturan buatan manusia ketimbang syariat Allah.
Anak-anak muda luwih kenal artis lan selebriti tinimbang sahabat Nabi.
Ekonomi dicekèl sistem ribawi, sing Allah wis terang-terangan ngumumké haram yèn riba kui.
Allah Ta‘ala ngendika:
> وَمَن لَّمْ يَحْكُم بِمَآ أَنزَلَ ٱللَّهُ فَأُو۟لَـٰٓئِكَ هُمُ ٱلْكَـٰفِرُونَ
Artinya: “Barang siapa tidak berhukum dengan apa yang Allah turunkan, maka mereka itu adalah orang-orang kafir.” (QS. Al-Māidah: 44)
---
Ngrasakaké sing Kelakon
Yèn kito ora mung delok nanging uga ngrasakaké, kahanan saiki pancèn abot.
Kemiskinan merata, padahal bumi Allah sugih sumber daya.
Rasa aman ilang, kriminalitas ana ing endi-endi.
Hedonisme dadi gaya urip, ngaji kalah karo party lan hiburan.
Wong Islam luwih bangga karo demokrasi lan kapitalisme, tinimbang syariat sing sakjatiné mulya.
Nabi ﷺ ngendika:
> يُوشِكُ الْأُمَمُ أَنْ تَدَاعَى عَلَيْكُمْ كَمَا تَدَاعَى الْأَكَلَةُ إِلَى قَصْعَتِهَا
Artinya: “Akan datang suatu masa, umat-umat lain akan mengeroyok kalian sebagaimana orang-orang berebut makanan di atas nampan.”
(HR. Abu Dawud)
Lan sebabé yaiku: cinta dunya lan wedi mati. Iki sing saiki kelakon.
---
Solusi: Balik Marang Islam Kaffah
Solusi saka kabèh kerusakan iki mung siji: balik marang Islam nganti kaffah. Ora mung ngibadah individu, nanging nguripi kabèh sistem sing wis diturunaké gusti Allah.
Allah dhawuh:
> يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا ادْخُلُوا فِي السِّلْمِ كَافَّةً
Artinya: “Wahai orang-orang yang beriman, masuklah kalian ke dalam Islam secara kaffah (sempurna), dan jangan ikuti langkah-langkah setan, karena sesungguhnya setan itu musuh yang nyata bagi kalian.” (QS. Al-Baqarah: 208)
---
Hubungan karo Maulid Nabi
Kito saiki isih ono ing bulan Rabi‘ul Awal, bulan kelahiran Nabi Muhammad ﷺ. Momen iki kudu dadi bahan refleksi, ora mung seremoni lan perayaan belaka! Nanging kudunè dalam rangka Maulid Nabi iki iso menyadarkan ummat tentang pentingnya kembali pada aturan yang sudah Allah tetapkan!.
Rasulullah lahir nalika kahanan jahiliyah parah: masyarakat mabuk, zina lumrah, keadilan ora ana, lan perbudakan nyebar. Nanging beliau ora mung ndandani akhlak individu, nanging ngadegaké sistem Islam sing mulya, ngowahi masyarakat saka jahiliyah dadi peradaban rahmatan lil ‘ālamīn.
Iki sing kudu kita tiru:
Ora mung dadi pribadi shalih, nanging uga nguripi sistem Islam.
Ora mung ngajari sabar, nanging uga ngatur strategi lan kepemimpinan.
Ora mung shalawatan, nanging uga nerusaké perjuangan Nabi.
---
Penutup
Ing dino Sabtu Kliwon iki dadi weton terakhir ing bulan Mulud. Mugi dadi pengeling-eling kanggo kita kabèh, ben ora mung ndelok sing katon, nanging uga ngrasakaké sing kelakon. Luwih saka kuwi, kudu ana tekad kanggo ngganti rusake sistem saiki kanthi nguripi Islam seutuhé.
Semoga Allah maringi istiqamah, kekuatan iman, lan ridha-Nya kanggo kita kabeh.
وَاللهُ أَعْلَمُ بِالصَّوَابِ


Posting Komentar untuk "Ndelok sing Katon, Ngrasakakè sing Kelakon"